Minggu, 10 Maret 2013

pamerdha sabda


Assalamu’alaikum wr.wb.

  • Dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumatheng pepoyaning kautaman ingkang satuhu pantes pinundhi.
  • Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pandham pandhoming para kawula dasih ingkang tansah sinuba ing pakurmatan.
  • Para alim ulama ingkang rinten ndalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning illahi ,minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi
  • Panjenenganipun Bp. …………………….sekalian garwa saha mandhapipun dhumateng sedaya kolawangsa ingkang satuhu bagya mulya
  • Para tamu kakung sumawana putri,para kadang wredha mudha ingkang tansah winantu ing suka basuki

Sakderenipun kawulo matur,wonten ing mriki kawulo nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami awit sampun kuma wanton ngempil kamardikan panjenengan ingkang nembe sami wawan pangandikan,awit wonten ing kalenggahan punika kawulo piniji matur minangka sulih saliranipun bp . ………sekalian.
Sumangga langkung rumiyin kulo panjenengan sedaya kulo dherekaken sami manungku puja puji pangastuti wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadhi injih alloh illahi robbi,karana agunging barokah saha rahmat ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kawula,lan sarta mugi lumaksananing adicara wonten ing kalenggahan punika saking purwa madya wusana,mugya tansah lumampah kanthi wilujeng nir baya kali sing rubedha.
Para bapak,ibu sangyaning para rawuh ingkang satuhu pantes pinundhi.
Saklajengipun wonten ing mriki kulo badhe ngaturaken wudharing gantha,babaring sedya pisowan kula sakadhang.ingkang sepisan kulo awit asmanipun kel.bp . …………………mboten kesupen ngaturaken salam taklim saha sembah sungkem mugi kunjuk dhumateng ngarsanipun para pepundhen saha para sepuh pinisepuh ing wewengkon kampung mriki.
Saklajengipun,ingkang dados wigatosing pisowan kawulo saha para kadhang inggih puniko badhe ngaturaken anak kulo sri atmaja pinangantyan sekalian.sumangga sakmangkenipun anggenipun badhe paring wewarah saha pangula wenthah,awit anak kulo temanten kakung/putri punika sakyektosipun panci takseh timur,takseh kirang pono ing babagan ilmu gesang wonten ing madyaning pasrawungan agung.pramila wonten kalenggahan puniko kulo pasrahaken dhumateng bp…………sekalian.
Wondene ing sakmangkenipun menawi anak kulo pinangantyan sekalian kepareng badhe cumondhok wonten ing gubuk kulo ing kampung ………….saestu kanthi suka renaning manah badhe kita tampi,paring ipun wewarah saha pangula wenthah sak kamat-kamat badhe kita paringi,anak kula temanten sekalian badhe kito gerba sami pinangka putra pribadi,datan wonten pangandikan iki anakku sek iki anak mantu.
Para bapak ibu ingkang tansah kinurmatan
Ing mbok bilih kawula saha sedaya rombongan,angenipun sowan saestu kathah pinanggih kalepatanipun,kirang ing trpsila malah kepara kirang ing subasita,saengga nuwuhaken kirang renaning penggalih,pramila wonten ing kalenggahan punika kula saestu nyuwun dipun pangaksama ingkang ageng.
Lan menawi adicara samangke sampun ndungkap ing paripurna,pramila kula sak kadhang badhe nyuwun pamit medhal pasilan,nyuwun tambahing puja puji pangastuti mugya sak pengker kawula samangke saking papan punika tumuju dhumateng gubug kawulo naming manggih ing karahayon
Saklajengipun pribadi kawula ing mbok bilih angen kawulo matur,minangka sulih saliranipun keluarga bp……….wonten ing kalenggahan punika saestu kathah pinanggih kalepatan saha klenta klentuning atur,kirang trapsila saha kirang subasita, kadaya saking cubluking seserepan kawula ing babagan reh subasita,basa tuwin sastra,saha kurang pana angen kawula nampi wewarah saking para  nimpuna saestu pribadi kawulo namung saged nyenyadhong lumunturing samodra ing pangaksama.
Para bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan
Namung mekaten atur saking kawulo minangka talanging atur saking panjenenganipun bp. …….lan minangka akhiring atur kawula.
Bilahi taufiq wal hidayah wal barokah wal innayah
Wassalamu’alaikum wr.wb





0 komentar: