Minggu, 10 Maret 2013

Atur Pambagyaharja Dhumateng Tamu Ing Pahargyan Temanten


Atur Pambagyaharja Dhumateng Tamu Ing Pahargyan Temanten
Assalamu’alaikum wr. wb.
Kula Nuwun !
Para Sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para Bapak, para ibu lan sederek-sederak sedaya ingkang minulya ing budhi. Para tamu lan adek-adek sedaya ingkang kula kurmati
Kula nuwun! Keparenga kula semela atur, ngempil kamardikan panjenengan sadaya rikalanipun nembe eca wawan pangandikan. Kula minangka wakil kaluwarga minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati. Sepisan ngaturaken syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bapak Kartono sekaliyan anggenipun hamengku gati ndaupaken putranipun ingkang selisih 2 tahun sampun kalampahan dhaup kaliyan mas agus rikala dinten kamis tanggal 14 wanci jam 11 wonten ing dalemipun bapak Kartono kanthi manggih rahayu kalis ing sambekala.
Kaping kalihipun Bapak Kartono sakaluwarga ngaturaken panuwun ingkang sanget menawi para tamu sampun kersa ngrawuhi miwah paring donga pamuji dhumateng sri penganten sekaliyan. Sarehning Bapak Kartono sakaluwarga mboten saged ngaturi punapa-punapa, sagetipun namung ngaturaken puji pangestuti mugi-mugi pikantuk sih kautaman panjenengan sedaya saking Gusti ingkang Maha Agung.
Kaping tiganipun Bapak Kartono sakaluwangsa nyuwun dedonga marang para tamu sadaya supados sri penganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pini sepuh sadaya.Tuwin enggal pinaringan momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, dhumateng rama ibunipun lan para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng nagri.
Ingkang pungkasan mbok bilih wonten kakuranganipun trapsila anggenipun ngacarani, menawi dhaharanipun kirang eco ugi papanippun kirang sae Bapak Kartono sakaluwarga ngaturaken sih samodra pangaksami.
Wallitaufik walhidayah, Wasalamualaikum wr. wb.

0 komentar: